Rabu, 07 Januari 2009

PaDOS dAMELAN


PADOS DAMELAN, GOLEK KERJOAAN” artinya “cari pekerjaan”

+ ; Boss Pewawancara (interviewer)
- ; Pelamar Kerja (interview)


+ Pendidikanmu opo?
-Ekonomi Pak.
+ wah ora bisa ditompo ning kene.
-Alasanipun Pak?
+ Kakehan ngetung duwek tok mengko kerjanmu.
-tapi kulo mboten akuntansi, kulo manajemen.
+ Tambah ora ketompo?
-Lho kok ngaten pak?
+Mengko gaweyanmu mung ngatur wong wae…..
+ Kowe nduwe omah opo ora?
-Dereng….
+ Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
-Lho kok ngaten?
+Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
-Ah.. mboten kok, sakjanipun
tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
+Yo malah ora ketompo.
-Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan,
nongkrang nongkrong ae.
+ Kowe nduwe motor opo ora? -
-Mboten.
+ Ora ketompo. -
-Lho kok mboten ketompo?
+ Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit. -
-Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung,
gampil mangke kulo beto ngriki.
+ Wah malah ra ketompo….
-Lho kok ngoten?
+ Tempat parkire wis ra cukup.
+ Kowe wis lulus sarjana tenan?
-Sampun Pak….
+ Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan
lan ben mbayare murah.
-Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
+ Malah ora ketompo…..
-Lho kados pundi to?
+ Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis
lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.
+ Kowe seneng guyon opo ora?
-Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
+ Ra ketompo…..
-Waa… Kok ngoten?
+ Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
-Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
+ Malah ora ketompo.
-Lho kok……
+ Engko kowe mung email-emailan sing lucu.
+ Kowe mau mrene numpak opo?
-Nitih mobil.
+ Kowe ora ketompo.
-Sebabipun?
+ Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
-Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
+Tambah ora ketompo. -
-Lho, lha kok?
+ Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor.
Ngrusuhi!
+ Anakmu akeh opo sithik? -
-Kathah, Pak.
+ Kowe ora ketompo. -
-Sebabipun?
+ Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus.
-Lha wong namung anak adopsi, kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.
+ Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
-Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
-Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane? -
-Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo. -
-Lho, lha kok?
+ Kowe rak mung arep keminter, to?
+ Kowe ngerti kahanan kantor kene durung? -
-Dereng.
+ Kowe ora ketompo. -
-Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore? -
-Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo. -
-Lho, lha kok?
+ Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?
+ Kowe kerep loro?
-Mboten.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
-Wah, sakjanipun nggih asring.
+ Tambah ora ketompo.
-Lho, lha kok?
+ Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
+ Kowe biso main internet?
-mBoten.
+ Kowe ora ketompo.
-Sebabipun?
+ Perusahaan ora nompo sing buta internet.
- Wah, sakjanipun nggih saged.
+ Tambah ora ketompo.
-Lho, lha kok?
+ Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to?
+ Kowe waras opo ora?
-Lha, kulo nggih waras to Pak.
+ Ra ketompo.
- Kenging nopo?
+Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
-Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun
rodo edan.
+ Malah ra ketompo.
-Pripun to niki?
+ Mengko aku duwe saingan.
Kekekekekekekekekekekekekek..........

(susahe golek gawean)

SUMBER : milis temen….


1 komentar:

WR. Yanto 14 Februari 2009 pukul 05.17  

konyol banget.............lucu.......
pengalaman pribadi ya...........hehe

  © Yanto Cah Garas Ngasem by ngasem-bojonegoro.blogspot.com 2007

Back to TOP